Galati 5:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.

2. Satemen-temene, aku, Paulus pitutur marang kowe: Manawa kowe tetak, Sang Kristus bakal ora migunani babar pisan tumrap kowe.

3. Sapisan maneh dakpituturake marang saben wong kang tetak, manawa wong iku wajib nglakoni sakabehing angger-anggering Toret.

4. Kowe dadine uwal saka Sang Kristus, manawa kowe ngarah kaanggep bener marga saka angger-anggering Toret; kowe urip ing sajabaning sih-rahmat.

5. Marga saka Roh, lan awit saka pracaya kita nganti-anti marang kabeneran kang kita arep-arep.

6. Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.

Galati 5