Galati 4:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. Kang dakarepake mangkene: Sajrone ahli waris durung diwasa, ora ana bedane sathithik-sathithika karo batur tukon, sanadyan ta iku kang nduweni samubarang kabeh.

2. Nanging kawengku ing emban lan pamomong nganti tumeka ing wektu kang wus ditemtokake dening bapakne.

3. Samono uga kita: Sajrone durung diwasa kita tetep kawengku uga dening para rohing jagad.

4. Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,

5. prelu nebus kabeh kang padha kawengku ing angger-anggering Toret, supaya kita bisa katrimah dadi putra.

6. Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”

7. Dadine kowe kabeh iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku uga padha dadi ahli-waris marga saka Gusti Allah.

8. Biyen , nalika kowe durung wanuh marang Gusti Allah, kowe ngawula marang allah-allah kang sejatine dudu Gusti Allah.

9. Nanging saiki sawuse kowe wanuh marang Gusti Allah, malah luwih saka iku, sawuse kowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriye dene kowe kok mbaleni maneh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani maneh?

10. Kowe padha netepi dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa, apadene taun-taun.

11. Aku kuwatir yen kangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.

12. Para sadulur, panjalukku marang kowe, kowe padha dadia kaya aku, sabab aku uga wus dadi padha kaya kowe. Durung tau kowe kaluputan marang aku.

13. Kowe padha sumurup, manawa aku martakake Injil marang kowe kang sapisanan iku sabab awakku lara.

14. Sanadyan kaya mangkono kaanane awakku, kang dadi pacoban kanggo kowe kabeh, ewadene ora kokanggep kaya barang kang ina lan kang njijiki, nanging kowe wus padha nampani aku padha kaya nampani malaekate Gusti Allah, malah padha kaya nampani Sang Kristus Yesus piyambak.

15. Kaya apa begjamu nalika samana! Lan saiki ana ngendi kabegjanmu iku? Awit aku bisa nekseni mungguhing kowe, yen bisaa mangkono, kowe wus padha nyuplaki mripatmu, kokwenehake marang aku.

16. Apa aku banjur dadi satrumu, marga aku mratelakake bab kayekten marang kowe?

17. Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi narik kowe, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepe bakal ngetokake kowe, supaya kowe ngeloni marang wong-wong mau kalawan tumemen.

Galati 4