Ezra 8:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki daftare para panggedhening kulawangsa lan sarasilahe kang padha bebarengan budhal karo aku saka ing tanah Babil, nalika jaman paprentahane Sang Prabu Artahsasta:

2. saka turune Pinehas: Gersom; saka turune Itamar: Dhaniel; saka bani Dawud: Hatus;

3. bin Sekhanya; saka bani Paros: Zakharia, lan kanthine wong lanang kang padha kapacak ana ing sarasilah wong satus seket;

4. saka bani Pahat-Moab: Elyoenai bin Zerahya, lan kanthine wong lanang rong atus;

5. saka bani Zatu: Sekhanya bin Yahaziel, lan kanthine wong lanang telung atus;

6. saka bani Adin: Ebed bin Yonatan lan kanthine wong lanang seket;

7. saka bani Elam: Yesaya bin Atalya, lan kanthine wong lanang pitung puluh;

8. saka bani Sefaca: Zebaja bin Mikhael lan kanthine wong lanang wolung puluh;

9. saka bani Yoab: Obaja bin Yehiel lan kanthine wong lanang rong atus wolulas;

10. saka bani Bani: Selomit bin Yosifya lan kanthine wong lanang satus sawidak;

11. saka bani Bebai: Zakharia bin Bebai lan kanthine wong lanang wolulikur;

12. lan saka bani Azgad: Yohanan bin Hakatan lan kanthine wong lanang satus sepuluh;

13. saka bani Adonikam, kang laire keri yaiku kang jenenge: Elifelet, Yehiel, lan Semaya, karo kanthine wong lanang sewidak;

14. apadene saka bani Bigwai, Utai lan Zabud, karo kanthine wong lanang pitung puluh.

15. Wong mau padha dakklumpukake ana ing pinggire kali kang mili anjog ing Ahawa, aku banjur padha lereb ana ing kono telung dina. Bareng daktiti-priksa, tinemu ana wonge Israel lumrah lan imam-imam, nanging ora ana wong-wonge bani Lewi.

Ezra 8