Ezra 5:9-12 Kitab Sutji (JAV)

9. Para sesepuh ing ngriku lajeng sami kawula takeni lan makaten tembung kawula: Sapa kang mrentahi kowe mbangun padaleman iki lan ngrampungake tembok iki?

10. Punapa malih ugi sami kawula takeni nama-namanipun, supados kenginga kawula aturaken ing ngarsanipun gusti kawula, kaliyan nyatheti namanipun ingkang sami dados sesepuhipun.

11. Tiyang wau tumunten sami mangsuli dhateng kawula, tembungipun makaten: Kula punika sami abdinipun Gusti Allahipun langit lan bumi, punapa dene kula mbangun malih padaleman ingkang sampun kaadegaken pinten-pinten taun saderengipun punika, kaadegaken saha karampungaken dening satunggaling ratunipun Israel ingkang agung.

12. Nanging sarehning para leluhur kula sami memungu bebendunipun Gusti Allahing langit, pramila lajeng dipun ulungaken dhateng ing astanipun Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, bangsa Kasdim, ingkang nggempur padaleman wau saha tiyangipun sami dipun boyongi dhateng tanah Babil kadadosaken tawanan.

Ezra 5