Ezra 5:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho, nabi loro mau padha meca tumrap para wong Yahudi kang manggon ana ing Yahuda lan ing Yerusalem, atas asmane Gusti Allahe Israel, kang nganthi wong loro iku.

2. Ing wektu samana Sang Zerubabel, putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua bin Yozadak mbangun padalemane Allah kang ana ing Yerusalem. Wong mau padha diamping-ampingi sarta dibiyantu dening para nabining Allah.

3. Nanging ing nalika samana Sang Tatnai, bupati ing sabrang kulone bengawan Efrat, ngrawuhi bebarengan karo Sang Syetar-Boznai lan kanca-kancane, lan mangkene pangandikane marang para wong mau: “Sapa kang maringi prentah marang kowe mbangun padaleman iki sarta ngrampungake balowarti iki?”

4. Banjur padha didangu uga: “Sapa jenenge wong kang padha ngadegake bangunan iki?”

5. Nanging paningale Gusti Allah tansah mirsani para tetuwane wong Yahudi, satemah ora dipeksa leren dening wong-wong iku, nganti prakara iki katur marang Sang Prabu Dharius, lan wus ana wangsulan tumrap prakara iki.

6. Ing ngisor iki turunane layang kang diaturake marang Sang Prabu Dharius saka Sang Tatnai, bupati ing sakulone bengawan Efrat karo Sang Syetar-Boznai sarta kanca-kancane, para punggawa dhaerah sakulone benganwan Efrat.

7. Wong-wong mau padha ngaturake palapuran tinulis mangkene:“Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Dharius, tentrem rahayu!

8. Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih kawula sampun sami dhateng ing tanah Yahuda, dhateng ing padalemanipun Allah Ingkang Mahaagung. Padaleman punika saweg kabangun mawi sela ingkang ageng-ageng sarta tembokipun karangkepan gebyog lan anggenipun nindakaken padamelan punika klayan saestu, sarta panggarapipun tumindak rancag.

9. Para sesepuh ing ngriku lajeng sami kawula takeni lan makaten tembung kawula: Sapa kang mrentahi kowe mbangun padaleman iki lan ngrampungake tembok iki?

10. Punapa malih ugi sami kawula takeni nama-namanipun, supados kenginga kawula aturaken ing ngarsanipun gusti kawula, kaliyan nyatheti namanipun ingkang sami dados sesepuhipun.

Ezra 5