Ezra 4:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng satrune wong Yehuda lan Benyamin padha krungu, yen wong kang mulih saka ing pambuwangan iku padha mbangun padaleman suci kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

2. banjur padha nemoni Sang Zerubabel lan para kepalaning kulawangsa, sarta padha matur: “Kula sami kalilana tumut mbangun kaliyan panjenengan sadaya, ujer kula inggih sami ngabekti dhumateng Gusti Allah panjenengan sami kados panjenengan, lan inggih tansah sami kula saosi kurban wiwit jamanipun Sang Prabu Ezar-Hadon, ratu ing Asyur, ingkang dhawuh mindhah kula mriki.”

Ezra 4