12. Nanging panunggalane para imam lan para wong Lewi sarta para kepalaning kulawangsa kang wus tuwa, sarta isih menangi padalemane kang dhingin, akeh kang padha nangis karanta-ranta, nalika ndeleng wong padha masang tetalese padaleman iku, mangka wong akeh padha surak-surak seru marga saka bungahe.
13. Wong-wong nganti ora padha bisa mbedakake swarane wong surak-surak marga saka bungah karo swaraning tangise rakyat, amarga wong akeh padha surak-surak sora, swarane nganti keprungu saka ing kadohan.