Ezra 2:33-41 Kitab Sutji (JAV)

33. para wong saka ing Lod, ing Hadid lan ing Ono: pitung atus selawe;

34. saka Yerikho: telung atus patang puluh lima;

35. bani Senaa: telung ewu nem atus telung puluh.

36. Iki pratelane para imam:bani Yedaya, iya iku kulawangsane Yesua: sangang atus pitung puluh telu;

37. bani Imer: sewu seket loro;

38. bani Pasyhur: sewu rong atus patang puluh pitu;

39. bani Harim: sewu pitulas.

40. Iki para wong Lewi:bani Yesua lan Kadmiel, yaiku tedhake Hodawya: pitung puluh papat.

41. Iki para pasindhen:bani Asaf: satus wolulikur.

Ezra 2