Ester 8:9-11 Kitab Sutji (JAV)

9. Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu -- iya iku sasi Siwan -- tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.

10. Panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros, lan kaecap nganggo sesupe dalem, nuli layange dikirimake lumantar para utusan kilat kang padha nunggang jaran karaton kang cukat, kang pinangkane saka panggonan kang dianggo ngingu jaran.

11. Dene surasane: Wong Yahudi ing siji-sijining kutha padha kaparingan palilah dening Sang Nata nglumpuk ngreksa uripe, numpes mateni sarta nyirnakake sakehing wadya-bala, dalah bocah-bocah lan wong wadon, saka bangsa lan dhaerah kang arep nempuh, apadene diparengake ngrayah barang darbeke,

Ester 8