6. Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?”
7. Sang Prabu Ahasyweros banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester tuwin Pak Mordekhai, dhawuhe: “Lah omahe Haman wus sunparingake marang Ester, sarta Haman dhewe wus disulah ing panyulahan, awit ngarah bilaine bangsa Yahudi.
8. Kang iku sira padha nulisa bab ing ngatase wong Yahudi, kaya sapamrayoganira atas asmane Sang Prabu lan kaecap nganggo sesupe dalem, iku ora kena kasuwak pisan-pisan.”
9. Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu -- iya iku sasi Siwan -- tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.