Ester 8:2-5 Kitab Sutji (JAV)

2. Sang Prabu banjur nglolos sesupe cap kang wus kapundhut saka Sang Haman, kaampilake marang Pak Mordekhai lan Pak Mordekhai kapatah dening Sang Prameswari Ester nguwasani barang kagungane Sang Haman mau.

3. Sang Prameswari Ester tumuli ngunjukake panyuwun maneh ana ing ngarsane Sang Prabu, karo nyungkemi padane, lan muwun sarta sambat-sambat muga karsaa murungake pialane Sang Haman turune Agag, tuwin rancangane kang wus kagawe tumrap bangsa Yahudi.

4. Sang Prabu banjur ngacungake jungkating kaprabon kancana marang Sang Prameswari Ester, tumuli Sang Putri jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu,

5. sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.

Ester 8