Ester 8:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing dina iku Sang Prabu Ahasyweros maringake barang darbeke Sang Haman, satrune bangsa Yahudi marang Sang Prameswari Ester karodene Pak Mordekhai kasowanake marang ngarsane Sang Prabu, amarga Sang Prameswari Ester wus ngunjuki uninga, Pak Mordekhai iku kaprenah apa karo panjenengane.

2. Sang Prabu banjur nglolos sesupe cap kang wus kapundhut saka Sang Haman, kaampilake marang Pak Mordekhai lan Pak Mordekhai kapatah dening Sang Prameswari Ester nguwasani barang kagungane Sang Haman mau.

3. Sang Prameswari Ester tumuli ngunjukake panyuwun maneh ana ing ngarsane Sang Prabu, karo nyungkemi padane, lan muwun sarta sambat-sambat muga karsaa murungake pialane Sang Haman turune Agag, tuwin rancangane kang wus kagawe tumrap bangsa Yahudi.

4. Sang Prabu banjur ngacungake jungkating kaprabon kancana marang Sang Prameswari Ester, tumuli Sang Putri jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu,

Ester 8