Ester 6:10-14 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing kono dhawuhe Sang Prabu marang Sang Haman: “Dienggal jupuken pangageman lan jaran kang kokunjukake iku, iku banjur trapna marang wong Yahudi kang jeneng Mordekhai, kang lungguh ana ing gapuraning karaton; poma aja ana kang cewet tembungmu siji-sijia kang kokunjukake iku.”

11. Sang Haman banjur mendhet pangageman lan titihan mau, pangagemane dianggokake Pak Mordekhai lan ditunggangake ing jarane, sarta diarak metu ing alun-aluning kutha, karo ana kang nguwuh-uwuh ana ing ngarepe: “Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dikarsakake dening Sang Prabu oleh pakurmatan.”

12. Sawuse mangkono Pak Mordekhai banjur bali maneh menyang ing gapurane kadhaton, nanging Sang Haman gupuh-gupuh kondur kalawan prihatin sarta kekudhungan.

13. Sang Haman tumuli cariyos marang Zeresy kang garwa lan marang para mitrane apa kang mentas kelakon. Para mitrane kang wasis wicaksana sarta kang garwa Zeresy, padha matur mangkene: “Manawi Mordekhai punika panunggilanipun bangsa Yahudi, mangka panjenengan sampun dhawah wonten ing ngajengipun, mesthi panjenengan boten kuwawi nglawan piyambakipun, malah badhe dhawah babar pisan wonten ing ngajengipun.”

14. Nalika isih padha rerasanan mangkono, abdine Sang Prabu teka, Sang Haman katimbalan supaya enggal sowan menyang bujana sesaosane Sang Prameswari Ester.

Ester 6