Ester 5:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. Dhawuhe Sang Prabu: “Haman dhawuhana supaya enggal-enggal sowan, supaya mituruti panyuwune Sang Prameswari Ester.” Sang Prabu nuli rawuh nedhaki ing bujana sesaosane Sang Prameswari Ester kadherekake Sang Haman.

6. Satengah-tengahe unjuk-unjukan anggur Sang Prabu banjur ndangu marang Sang Prameswari Ester: “Panyuwunira apa, mesthi sira kaparingan. Karepira apa mesthi kasembadan, sanadyan ngantia saparoning karajan.”

7. Sang Prameswari Ester tumuli munjuk: “Pangajeng-ajeng saha panyuwun kawula, inggih punika:

8. manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”

9. Ing dina iku Sang Haman mundur kalawan rena lan gambira panggalihe. Nanging bareng Sang Haman mau mirsani Pak Mordekhai ana ing gapuraning kadhaton, ora ngadeg lan ora obah ngurmati ana ing ngarsane Sang Haman, galihe Sang Haman benter banget tumrap Mordekhai.

10. Nanging Sang Haman ngampet dukane mau, sarta sawuse kondur ing daleme, tumuli utusan nglumpukake para mitra lan Zeresy garwane.

11. Sang Haman nyaritakake bab gedhening kasugihane sarta sakehing putrane kakung, apamaneh sakehe kaluhurane, kang diparingake dening Sang Prabu, sarta anggone kawisudha ngungkuli para panggedhe lan para abdine Sang Prabu kabeh.

Ester 5