Ester 1:16-19 Kitab Sutji (JAV)

16. Sang Memukan banjur matur ana ing ngarsane Sang Prabu lan para panggedhe: “Sang Prameswari Wasti anggenipun kagungan kalepatan punika boten namung dhumateng Sang Prabu kemawon, nanging ugi dhateng sakathahipun para pangageng sarta dhateng sakathahipun para bangsa, ingkang wonten ing tlatah wewengkonipun Sang Prabu Ahasyweros sadaya.

17. Amargi tindak-tandukipun Sang Prameswari punika badhe sumebar nular dhateng sakathahipun para wanita, temahan sami nyamah dhateng kakungipun, manawi kepireng makaten: Sang Prabu Ahasyweros dhawuh supaya Sang Prameswari kasowanake ing ngarsane, nanging Sang Prameswari ora karsa sowan.

18. Ing dinten punika semahipun para pangageng ing Persia kaliyan ing Media ingkang sami mireng bab tindak-tandukipun Sang Prameswari punika wau, mesthi sami reraosan bab punika kaliyan semahipun, temahan badhe nuwuhaken raos ngremehaken saha kanepson ingkang boten wonten telas-telasipun.

19. Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.

Ester 1