Efesus 6:22-24 Kitab Sutji (JAV)

22. Iya iku karepku anggonku kongkonan Tikhikus nemoni kowe kabeh, supaya kowe padha ngreti mungguh kaananku supaya nglipur atimu.

23. Tentrem-rahayu lan katresnan kang kanthi pracaya saka Gusti Allah Sang Rama lan saka Gusti kita Yesus Kristus anaa ing para sadulur kabeh.

24. Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.

Efesus 6