27. Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.
28. Tekan samene pawartane iku. Dene aku, Dhaniel, kaget banget dening gagasan-gagasanku, nganti aku dadi pucet sarta bab iku daksimpen ing sajroning atiku.”