Dhaniel 7:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Belsyazar, ratu ing Babil, Sang Dhaniel ing sajroning supena tampa wahyu ana ing pasareane. Supena iku banjur kaseratan, anadene wosing supenane iku mangkene:

2. Pangandikane Sang Dhaniel mangkene: “Ing nalika bengi aku tampa wahyu, angin papat ing langit katon ngocakake sagara gedhe,

3. nuli ana kewan gedhe papat muncul jumedhul saka ing sajroning sagara, kang siji beda karo sijine.

4. Kang kapisan rupane kaya singa, lan nganggo swiwining manuk garudha. Iku terus bae daksawang nganti swiwine dijabut; kewan mau nuli kajunjung saka ing lemah lan kaadegake kaya manungsa sarta banjur kaanjingan ing atining manungsa.

5. Tumuli katon ana kewan liyane, kang kapindho rupane kaya bruwang; iku njejegake awake sasisih, cangkeme lagi nyokot balung iga telu; kewan iku kacelathonan mangkene: Ayo mangana daging kang akeh!

6. Sawuse mangkono aku sumurup kewan liyane, rupane kaya macan tutul; gegere ana swiwine manuk papat sarta maneh kewan iku endhase papat, sarta kaparingan pangwasa.

7. Sawuse iku ing sajroning wahyu ing bengi iku aku tumon kewan kang kapat, kang medeni lan nggegirisi sarta rosa banget. Untune wesi gedhe-gedhe; kewan iku memangsa lan ngreremuk, sisane kaidak-idak kalawan sikile; kewan iku beda karo kewan-kewan kang dhisik mau, apadene kadunungan sungu sapuluh.

8. Sajrone aku migatekake sungu-sungune iku, ing tengahe ana sungu cilik kang thukul, njalari sungu kang dhisik mau copot telu; sungu cilik iku katon ana matane kaya mataning manungsa lan ana cangkeme kang ngucap gumunggung.

9. Aku terus bae anggonku ndeleng nganti ana dhampar-dhampar kang katata, banjur ana kang lenggah Kang Sepuh ing Yuswa; pangagemane putih kaya salju lan remane resik kaya wulu wedhus; kang minangka dhampare urubing geni, mawa rodha geni kang makantar-kantar;

10. ana kali geni kang metu lan mili saka ing ngarsane; Panjenengane kaladosan ing ewoning ewon lan puluhan ewon ping puluhan ewon. Pradata Pangadilan banjur marepat lan kitab-kitab padha kabukakan.

11. Aku terus bae anggonku maspadakake, marang saka tembung-tembung kang gumunggung kang diucapake dening sungu mau. Aku terus bae anggonku maspadakake nganti kewan iku dipateni, awake kalebur lan kaulungake marang geni kang ngengobong.

12. Pangwasane kewan-kewan liyane iya kacabut lan suwening uripe katemtokake nganti tekan mangsa lan wayahe.

13. Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,

14. tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.

15. Aku, Dhaniel, trenyuh, lan wahyu-wahyu kang dakdeleng, iku ngagetake aku.

16. Aku banjur nyedhaki salah sawijining wong, panunggalane kang padha ngadeg ing kana lan aku nyuwun katrangan bab iku mau kabeh. Aku nuli dipangandikani lan diparingi sumurup bab tegese.

17. Kewan gedhe papat iku karajan papat kang bakal muncul ana ing bumi.

18. Sawuse iku para wong suci kagungane Kang Mahaluhur bakal padha nampani paprentahan, lan bakal nyekel paprentahan iku ing salawas-lawase, malah langgeng ing salawase.

Dhaniel 7