Dhaniel 6:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Bareng mangkono para priyagung lan para wakil-raja padha ngupaya dhadhakan bisane nggugat Sang Dhaniel ing bab paprentahan, nanging ora padha bisa nemu dhadhakan apa bae utawa sawijining kaluputan, sabab saka anggone setya lan ora tau sembrana utawa tumindak luput.

6. Wasana banjur padha rerembagan: “Kita boten badhe saged angsal dhadhakan kangge nggigat Dhaniel punika, kajawi ing bab anggenipun ngabekti dhateng Allahipun!”

7. Para priyagung lan para wakil-raja banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu tuwin munjuk mangkene: Dhuh Sang Prabu Dharius, mugi langgenga kasugengan dalem.

8. Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa.

9. Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi karsaa ngundhangaken awisan punika saha karsaa damel serat prentah ingkang boten saged kaewahan manut undhang-undhangipun bangsa Medhia lan Persia, ingkang boten saged kaceled malih.”

10. Awit saka iku Sang Prabu Dharius banjur damel layang prentah larangan iku.

11. Bareng Sang Dhaniel mireng, manawa prentah iku wus kadamel, banjur kondur menyang ing daleme. Ing panggunging daleme ana cendhelane menga madhep ing keblate kutha Yerusalem; sadina ping telu anggone sujud jengkeng, ndedonga lan memuji marang Allahe, kayadene adat kang ditindakake.

12. Para priyayi mau banjur padha enggal-enggal lumebet temah Sang Dhaniel pinanggih lagi ndedonga lan nyenyuwun marang Allahe.

13. Sawuse mangkono para priyayi mau tumuli sowan ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk pitaken bab larangane Sang Prabu: “Gusti kawula rak ngundhangaken awisan, ing salebetipun tigang dasa dinten punika saben tiyang ingkang nyenyuwun dhateng salah satunggaling dewa utawi manungsa, boten namung mligi dhumateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, badhe kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulane Sang Prabu: “Prakara iku wus katemtokake miturut angger-anggere bangsa Medhia lan Persia, kang ora kena diceled.”

14. Para priyayi mau banjur munjuk marang Sang Prabu: “Dhaniel, salah satunggaling tiyang boyongan saking Yehuda, punika boten maelu dhateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, tuwin boten mreduli dhateng awisan ingkang kaundhangaken dening gusti kawula, awitdene ndedonga sadinten kaping tiga.”

15. Bareng Sang Prabu midhanget bab iku, banget sungkawane sarta nuli ngudi supaya bisaa ngluwari Sang Dhaniel, malah nganti srengenge surup isih mbudi-daya bisane paring pitulungan.

16. Para priyayi mau banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, mugi kauningana, bilih manut angger-anggeripun bangsa Medhia saha Persia boten wonten awisan utawi kekancingan ingkang kaundhangaken dening Sang Prabu, ingkang kenging kaewahan!”

17. Bareng mangkono Sang Prabu nuli paring dhawuh nyepeng Sang Dhaniel, sarta banjur kacemplungake ing luwenging singa. Sang Prabu ngandika marang sang Dhaniel: “Allahira kang sira sembah kalawan mantep iku muga karsaa ngluwari sira!”

Dhaniel 6