24. Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe.
25. Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.
26. Sawise mangkono Sang Prabu Dhaniel tumuli kintun serat marang wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh, ijemane: “Tentrem rahayunira muga saya wuwuha!
27. Abareng iki ingsun paring dhawuh, wong-wong ing saindenging karajan kang ingsun kuwaosi, kudu wedi kalawan gumeter marang Allahe Dhaniel, amarga Panjenengane iku Allah kang gesang langgeng ing salawase; paprentahane ora bakal sirna lan pangwaose ora bakal ana uwise.