11. Bareng Sang Dhaniel mireng, manawa prentah iku wus kadamel, banjur kondur menyang ing daleme. Ing panggunging daleme ana cendhelane menga madhep ing keblate kutha Yerusalem; sadina ping telu anggone sujud jengkeng, ndedonga lan memuji marang Allahe, kayadene adat kang ditindakake.
12. Para priyayi mau banjur padha enggal-enggal lumebet temah Sang Dhaniel pinanggih lagi ndedonga lan nyenyuwun marang Allahe.
13. Sawuse mangkono para priyayi mau tumuli sowan ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk pitaken bab larangane Sang Prabu: “Gusti kawula rak ngundhangaken awisan, ing salebetipun tigang dasa dinten punika saben tiyang ingkang nyenyuwun dhateng salah satunggaling dewa utawi manungsa, boten namung mligi dhumateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, badhe kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulane Sang Prabu: “Prakara iku wus katemtokake miturut angger-anggere bangsa Medhia lan Persia, kang ora kena diceled.”
14. Para priyayi mau banjur munjuk marang Sang Prabu: “Dhaniel, salah satunggaling tiyang boyongan saking Yehuda, punika boten maelu dhateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, tuwin boten mreduli dhateng awisan ingkang kaundhangaken dening gusti kawula, awitdene ndedonga sadinten kaping tiga.”
15. Bareng Sang Prabu midhanget bab iku, banget sungkawane sarta nuli ngudi supaya bisaa ngluwari Sang Dhaniel, malah nganti srengenge surup isih mbudi-daya bisane paring pitulungan.