9. Iku padha munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga kasugenganipun gusti kawula!
10. Gusti kawula Sang Prabu sampun ngundhangaken dhawuh, bilih saben tiyang ingkang mireng ungelipun kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret tuwin ungel-ungelan warna-warni, kedah sujud nyembah dhateng reca kencana punika,
11. saha bilih sinten ingkang boten sujud nyembah, badhe kacemplungaken ing pawon ingkang murub.
12. Wonten tiyang Yahudi sawatawis, ingkang sampun pinasrahan paprentahan ing wilayah Babil dening gusti kawula, inggih punika Sadrakh, Mesakh tuwin Abednego, tiyang punika boten sami mreduli dhateng dhawuhipun gusti kawula, dhuh Sang Prabu: sami boten memuja dhateng dewanipun gusti kawula saha sami boten nyembah dhateng reca kencana, ingkang sampun kaadegaken dening gusti kawula.”