Dhaniel 2:9 Kitab Sutji (JAV)

yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku, sira bakal padha kena ing paukuman kang padha; sarta ingsun mirsa, manawa sira wus padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin. Awit saka iku unjukna supena iku marang ingsun, supaya ingsun uninga, manawa sira padha bisa ngaturake maknane uga marang ingsun.

Dhaniel 2

Dhaniel 2:1-13