36. Punika supenanipun gusti kawula, lah sapunika maknanipun badhe sami kawula unjukaken dhumateng gusti kawula Sang Prabu:
37. Dhuh gusti kawula Sang Prabu, ratuning sadaya ratu, ingkang sampun kaparingan dening Allahipun saindenging langit, karajan, pangwaos, kasantosan tuwin kamulyan,
38. saha ingkang astanipun sampun kapasrahan dening Panjenenganipun, anak-anaking manungsa ing pundi-pundi panggenan, kewan-kewan ing ara-ara tuwin peksi-peksi ing awang-awang, saha ingkang kajumenenganken dados ingkang nguwaosi punika wau sadaya -- inggih gusti kawula punika ingkang jumeneng sesirah kencana wau.
39. Nanging sapengkeripun gusti kawula, badhe muncul karajan sanes, ingkang kawon agung katimbang karajanipun gusti kawula; lajeng timbul karajan malih, inggih punika ingkang angka tiga, ingkang tembagi, ingkang nguwaosi saindenging jagad sadaya.
40. Sasampunipun punika badhe wonten karajan ingkang angka sekawan, ingkang atosipun kados tosan; plek kadosdene tosan ingkang ngreremuk, karajan punika badhe ngremuk lan nglebur sadaya-sadayanipun.
41. Punapadene ingkang kauningan ing gusti kawula, suku tuwin driji-drijinipun saperangan ingkang kadamel lempungipun kundhi, saha saperangan tosan, punika ateges, bilih karajan wau rengka; pancen karajan wau inggih atos kadosdene tosan, cocog kaliyan ingkang kapirsanan dening gusti kawula, tosan wau campur kaliyan lempung.