10. Unjuk wangsulane para wong Kasdim mau marang Sang Prabu: “Boten wonten tiyang satunggal kemawon ing salumahing bumi ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun gusti kawula Sang Prabu! Saha boten nate wonten ratu, ingkang sanadyan kadospundi kemawon agungipun saha agenging pangwaosipun mundhut ingkang makaten punika dhateng satunggaling sarjana, juru gendam utawi satunggaling tiyang Kasdim.
11. Pamundhutipun gusti kawula punika langkung dening awrat, saha boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang saged ngunjuki uninga bab punika dhumateng gusti kawula Sang Prabu, kejawi para dewa ingkang boten dedunung wonten ing tengahipun manungsa.”
12. Marga saka iku Sang Prabu banjur duka banget lan bendu sarta dhawuh nyirnakake kabeh wong wicaksana ing Babil.
13. Nalika dhawuh saupaya para wong wicaksana padha dipateni mau kaundhangake, Dhaniel dalah kanca-kancane uga kaancam bakal pinatenan.
14. Dhaniel banjur matur kalawan kalimpadaning budi tuwin kawicaksanan marang Sang Ariokh, panggedhening prajurit pangawaling Sang Prabu, kang wus mangkat arep mateni para wong wicaksana ing Babil mau,
15. ature marang Sang Ariokh, panggedhe abdine Sang Prabu mangkene: “Punapa sababipun, dene Sang Prabu ngundhangaken dhawuh ingkang samanten awratipun punika?” Sang Ariokh banjur nerangake bab iku marang Dhaniel.
16. Dhaniel nuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu lan nyuwun,supaya kaparingana wektu kanggo ngunjuki uninga bab maknane marang Sang Prabu.
17. Sawuse iku Dhaniel banjur mulih aweh weruh bab mau marang Hananya, Misael lan Azarya, mitra-mitrane,
18. supaya tumuli padha nyuwun sih-piwelase Gusti Allahing saindenge langit ing bab kang winadi mau, satemah Dhaniel sakancane ora bakal kasirnakake bebarengan karo para wicaksana liyane ing Babil.
19. Wasana bab kang winadi mau banjur kebuka marang Dhaniel ing sajroning wahyu ing wayah bengi. Dhaniel nuli ngluhurake marang Gusti Allahe saindenging langit.
20. Mangkene pangucape Dhaniel: “Pinuja asmaning Allah wiwit saka kalanggengan tumeka ing kalanggengan, amarga kawicaksanan lan kasantosan iku ana ing Panjenengane,
21. kang nyontan-nyantuni mangsa lan wektu, kang mecat para ratu lan njumenengake para ratu, kang paring kawicaksanan marang para wong wicaksana sarta kawruh marang para wong kang kadunungan pangreten;
22. iya Panjenengane iku kang mbuka bab-bab kang ora kinira-kira lan kang samar; Panjenengane nguningani apa kang ana ing pepeteng, apadene pepadhang dumunung ana ing Panjenengane.
23. Dhuh Allahipun leluhur kawula, Paduka kawula pepuji lan kawula luhuraken, amargi Paduka karsa ngganjar dhumateng kawula kawicaksanan saha kasantosan, sarta sapunika sampun paring sumerep dhumateng kawula sadaya bab prakawisipun Sang Prabu.”
24. Awit saka iku Dhaniel banjur nemoni Sang Ariokh, kang wus kaparingan dhawuh dening Sang Prabu supaya nyirnakake para wong wicaksana ing Babil; nuli mangkat lan matur mangkene: “Para tiyang wicaksana ing Babil punika sampun ngantos panjenengan sirnakaken! Panjenengan kula aturi nyowanaken kula dhateng ing ngarsanipun Sang Prabu, mangke kula badhe ngunjukaken maknanipun dhumateng Sanga Prabu!”
25. Dhaniel banjur enggal-enggal kasowanake dening Sang Ariokh marang ing ngarsane Sang Prabu sarta tumuli dianjukake marang Sang Prabu mangkene: “Abdi dalem kawula sampun manggih satunggaling tiyang panunggilanipun tiyang boyongan saking tanah Yehuda, ingkang saged ngunjuki uninga dhumateng Sang Prabu bab maknanipun.”
26. Dhaniel kang jenenge Beltsazar nuli kadangu dening Sang Prabu: “Apa kapara nyata sira bisa ngunjukake marang ingsun supena kang wus ingsun pirsani dalah samaknane pisan?”
27. Dhaniel mangsuli, mangkene unjuke marang Sang Prabu: “Wewados, ingkang kadangokaken dening gusti kawula Sang Prabu, punika boten saged kauningakaken dhumateng Sang Prabu dening tiyang wicaksana, juru gendam, sarjana utawi ahli nujum.