Dhaniel 11:36-39 Kitab Sutji (JAV)

36. Raja iku bakal tumindak sawenang-wenang, bakal ngluhurake lan ngegungake dhiri ana ing ngarepe sadhengah allah. Uga ana ing ngarsane Gusti Allah kang ngungkuli sakehe allah, bakal ngucapake tembung-tembung kang ora pantes babar-pisan, sarta bakal begja nganti tumeka ing sakatoging bebendu; amarga apa kang wus katetepake iku bakal kelakon.

37. Uga para allahe para leluhure ora dipreduli; kang pinuja-puja dening para wong wadon apadene sadhengaha allah ora direwes, amarga awake dhewe kang diluhurake ngungkuli iku kabeh.

38. Nanging minangka gegentining iku kabeh, bakal ngabekti marang dewane beteng-beteng, dewa kang ora disumurupi dening para leluhure iku bakal disembah-sembah kalawan nggawa emas lan salaka sarta sesotya tuwin barang-barang kang akeh ajine.

39. Sarta bakal nempuh beteng-beteng kang santosa kalawan pitulungane dewa manca iku. Sing sapa ngakoni dewa iki bakal diluberi kaluhuran, bakal didadekake wong kang ngwasani wong akeh lan bakal diwenehi ganjaran tanah.

Dhaniel 11