32. Lan wong-wong kang tumindak duraka marang Prajanjian bakal dibujuk-bujuk kadadekake murtad kalawan tembung-tembung pangonggrong; nanging umat kang wanuh marang Allahe bakal tetep kuwat lan lestari lakune.
33. Tuwin wong-wong panunggalane umat iku kang wicaksana bakal mangretekake marang wong akeh, nanging ing sawatara mangsa lawase bakal padha ambruk dening pedhang lan geni, jalaran ditawan lan dijarah-rayah.
34. Bareng padha ambruk, banjur oleh pitulungan sathithik lan akeh wong kang bakal padha ngguyubi kalawan lelamisan.
35. Para wong wicaksana bakal ana sawatara kang ambruk, minangka pandadaran, panyaringan lan kanggo ngresikake wong-wong mau, nganti tumeka ing wekasaning jaman; amarga wekasaning jaman iku durung tumeka ing titi-mangsa kang wus katetepake.
36. Raja iku bakal tumindak sawenang-wenang, bakal ngluhurake lan ngegungake dhiri ana ing ngarepe sadhengah allah. Uga ana ing ngarsane Gusti Allah kang ngungkuli sakehe allah, bakal ngucapake tembung-tembung kang ora pantes babar-pisan, sarta bakal begja nganti tumeka ing sakatoging bebendu; amarga apa kang wus katetepake iku bakal kelakon.
37. Uga para allahe para leluhure ora dipreduli; kang pinuja-puja dening para wong wadon apadene sadhengaha allah ora direwes, amarga awake dhewe kang diluhurake ngungkuli iku kabeh.