Ayub 9:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong,lan diwolak-walik ing sajroning bebendune;

6. ngingser bumi saka ing panggonane,satemah saka-sakane padha gonjing,

7. srengenge diwaleri, temah ora mlethek;lintang-lintang dikurung kalawan disegel;

8. Gusti Allah piyambak kang mbeber langit,kang nglangkahi alune sagara,

9. kang nitahake lintang Prau,lintang Wluku lan lintang Wuluh,apadene lintang-lintang ing kidul;

10. kang nindakake pakaryan kang agung, ora kena jinajagan;sarta kaelokan tanpa wilangan.

Ayub 9