Ayub 9:19-27 Kitab Sutji (JAV)

19. Manawa bab karosan,Panjenengane iku kang kagungan.Manawa bab kaadilan,sapa kang bisa nggugat Panjenengane?

20. Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku;sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.

21. Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku,aku ora ngetung uripku.

22. Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku:Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.

23. Manawa cemethine dumadakan memateni,Panjenengane banjur nggegujeng bubrahing nalare wong kang ora luput.

24. Bumi wus kapasrahake marang wong duraka,hakime jagad ditutupi raine;manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?

25. Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat,wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,

26. pesating lakune kaya prau glagah,kaya abure manuk garudha kang nyamber memangsan.

27. Saupami kawula gadhah pangucap makaten: Daklalekake sesambatku,dakbuwange anggonku mbesengut, banjur dadi bungah maneh,

Ayub 9