Ayub 9:15-26 Kitab Sutji (JAV)

15. Sanadyan aku bener, iya mangsa bisaa ngunjukake panjawab,malah aku kudu nyuwun sih-piwales marang Hakimku.

16. Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan,aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku;

17. Panjenengane kang nempuh aku kalawan prahara,sarta kang ngakehake tatuku tanpa sabab,

18. kang ora marengake aku unjal ambekan,nanging kang malah maregi aku kalawan pait-getir.

19. Manawa bab karosan,Panjenengane iku kang kagungan.Manawa bab kaadilan,sapa kang bisa nggugat Panjenengane?

20. Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku;sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.

21. Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku,aku ora ngetung uripku.

22. Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku:Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.

23. Manawa cemethine dumadakan memateni,Panjenengane banjur nggegujeng bubrahing nalare wong kang ora luput.

24. Bumi wus kapasrahake marang wong duraka,hakime jagad ditutupi raine;manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?

25. Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat,wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,

26. pesating lakune kaya prau glagah,kaya abure manuk garudha kang nyamber memangsan.

Ayub 9