26. Endhong panah kamrincing ing sadhuwure,tumbak lan towok pating cleret.
27. Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah,sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka;
28. ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake;lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang,bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala.
29. Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulungkalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?
30. Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbullan nusuh ing panggonan kang dhuwur?
31. Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang,ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.
32. Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane,matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;
33. anake padha ngokop getihlan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”
34. Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:
35. “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa?Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”
36. Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah:
37. “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka?Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan.
38. Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih;malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.”