Ayub 39:21-30 Kitab Sutji (JAV)

21. Manawa kekablak kalawan gumunggung.banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi.

22. Apa sira kang aweh karosan marang jaran?Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?

23. Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang?Panggabere kang nggegirisi medeni.

24. Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira,anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan.

25. Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wediapadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.

26. Endhong panah kamrincing ing sadhuwure,tumbak lan towok pating cleret.

27. Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah,sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka;

28. ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake;lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang,bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala.

29. Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulungkalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?

30. Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbullan nusuh ing panggonan kang dhuwur?

Ayub 39