1. Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon,lan bisa maremake marang singa enom,
2. manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwanemanawa padha ndingkik ana ing grumbulan?
3. Sapa kang nyawisake pakaning gagak,manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah,padha klambarangan marga ora ana pangan?
4. Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak,utawa apa namatake menjangan anggone nglarani?
5. Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone metengsarta apa bisa nyumurupi ing eleke?
6. Anggone nglairake anake, kalawan njengkinglan banjur ngetokake isining guwa-garbane.
7. Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara,padha lunga lan ora bali marang embokne.
8. Sapa kang ngumbar kuldi alasan,utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara?
9. Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padununganelan tanah asin dadi pasabane.
10. Ramening kutha dipoyoki,ora krungu swarane kang nggiring;
11. banjur golek pangonan ing gunung-gunung,lan ngluru samubarang kang ijo.
12. Apa bantheng gelem teluk marang sirautawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?
13. Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan,utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?