Ayub 38:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Mara rumantia dikaya wong lanang!Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela.

4. Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi.Munjuka manawa sira mangreti!

5. Sapa kang nemtokake ukurane --Sira rak sumurup? --Tuwin sapa kang menthang tali ukurane?

6. Pilar-pilare tumancep ing ngendilan sapa kang masang watu pojokan,

7. ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengantuwin para putraning Allah padha asurak-surak?

8. Sapa kang mbendung sagara kalawan plawangannalika lagi kumrasak metu saka ing guwa-garba,

9. nalika Sunkaryakake mega minangka sandhanganetuwin pepeteng minangka gegedhonge;

10. nalika Ingsun nemtokake watese,sarta masang slarak lan lawang;

11. nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kene bae, aja kliwat,ana ing kene alunira kang gumunggung bakal padha katambak!

12. Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-rainalan mrenahake bangbang wetan,

13. supaya padha nyekel poncoting bumisarta ngebutake wong duraka?

Ayub 38