Ayub 38:17-28 Kitab Sutji (JAV)

17. Apa gapuraning pati wus padha katon marang sirasarta apa sira wus ndeleng lawanging teleng palimengan?

18. Apa sira mangreti jembaring bumi?Caritakna, manawa sira wus nyumurupi iku kabeh!

19. Ana ing ngendi dalan kang anjog ing papan padununganing pepadhang,lan ana ing ngendi prenahe pepeteng,

20. supaya sira banjur bisa mrenahake ana ing wewengkone dhewe-dhewelan nyumurupi dalan-dalan kang anjog ing padunungane?

21. Mesthine sira wus sumurup, amarga nalika samana sira wus lair,lan wus akeh cacahing dinanira!

22. Apa sira wus lumebu ing gedhong parawatane salju,sarta apa wus ndeleng parawatane udan krikil,

23. kang Ingsun simpen kanggo ing dina karubedan,kanggo ing mangsa pacampuhan lan perang?

24. Ana ing ngendi dalane menyang ing papan sumebaring pepadhang,lan papan pencaring angin ing salumahing bumi?

25. Sapa kang karya ilen-ilening udan dereslan dalan kanggo kilating gludhug,

26. supaya tanah kang ora dienggoni ing wonglan ara-ara kang suwung padha kodanan;

27. sarta supaya pasamunan lan tanah kang ludhes padha kawareganapadene suket-suket padha thukul seger?

28. Apa udan iku ana bapakne?Sarta sapa kang nganakake tetesing ebun?

Ayub 38