Ayub 32:3-6 Kitab Sutji (JAV)

3. Mitrane telu-telune uga dinepsoni, awit sanadyan wis ora bisa madoni, ewadene netepake kaluputane Ayub.

4. Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke.

5. Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli maneh, banjur thukul nepsune.

6. Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau:“Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen,mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe.

Ayub 32