Ayub 32:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Mulane rembugku: Rungokna gunemku,aku uga arep nglairake panemuku.

11. Sumurupa, aku wus nganti-anti marang calathumu,aku wus nggatekake pamikirmu,nganti kowe padha bisa nemu tembung-tembung kang trep.

12. Kalawan titi anggonku ngrungokake calathumu,nanging sanyatane ora ana kang nelakake lupute Ayub,kowe kabeh ora ana kang nglawan katrangan-katrangane.

13. Saikine kowe aja padha kandha mangkene: Aku wus padha nemu kawicaksanan;mung Gusti Allah kang kwaos ngalahake Ayub dudu manungsa.

14. Tembunge ora tumuju marang aku,lan aku ora bakal mangsuli kalawan migunakake bantahanmu.

15. Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh,ora bisa ngucap satembung-tembunga.

16. Apa aku isih kudu nganti-anti, marga wong-wong iku wus ora duwe pangucap,marga wus mandheg ora bisa mangsuli maneh?

17. Aku uga are aweh wangsulan ing giliranku,aku iya arep nglairake panemuku.

Ayub 32