Ayub 30:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. “Nanging saiki aku digeguyu dening wong,kang umure luwih enom katimbang aku,kang bapakne padha dakwawas ora pantessanadyan mung dipapanake bebarengan karo asu kang njaga wedhus-wedhusku.

2. Lan maneh kakuwataning tangane iku apa gunane tumrap aku,amarga wus kentekan kakuwatan;

3. padha gering dening kecingkrangan lan keluwen,padha ngrikiti palemahan kang bera,grumbul ing pasamunan lan tanah kang mati;

4. padha reramban gegodhongan asin ana ing grumbulanlan oyoding wit rotem dadi pangane,

5. padha katundhung saka ing pasrawungansarta dielok-elokake kaya maling,

6. padha kepeksa manggon ing lembah-lembah kang nggegirisi,ing luweng-luwenging bumi lan ing sela-selaning gunung;

7. padha gereng-gereng ana ing satengahing gegrumbulan,pating gloso ana ing sangisoring lateng-lateng;

8. padha wong gemblung kang tanpa aji,kang wus digurak saka ing nagara.

9. Nanging aku saiki dadi uran-uran semonanlan pepoyokan tumrap wong-wong iku.

10. Aku dianggep njijiki, padha ngedohi akulan ora bisa ngampah anggone ngidoni raiku,

11. awit talining tarubku wis diuculi dening Gusti Allah sarta aku diesorakeapadene wong-wong padha tumindak tanpa rikuh-rikuh marang aku.

12. Ing satengenku muncul grombolan,kang mbanjur njegal sikilku,sarta masangi aku dalaning karusakan;

Ayub 30