Ayub 3:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Ayub banjur calathu, nyupatani dina kalahirane;

2. pangucape mangkene:

3. “Sirnaa dina kalahiranku,mangkonoa uga wengi kang muni:Wus dadi wetengan lanang.

4. Dina iku dadia peteng,aja digalih dening Gusti Allah kangana ing luhur, aja kasorotan ing pepadhang pisan.

5. Muga kalimputana ing pepeteng, lan palimenganing pati,kasasabana ing mendhung,kinagetna ing grahana srengenge.

6. Wengi iku -- rinayuda ing peteng ndhedhet;aja nganti abungah-bungah, ing dina-dina sajroning setahun,aja kaetung awor cacahing sasi-sasi.

7. Lah wengi iku lestaria gabug,lan aja karungu swaraning kabungahan.

8. Kasupatanana dening para kang ngipat-ipati dina,kang pinter nangekake kanepsone Lewiatan.

9. Lintang-lintang esuk padha lestaria peteng;tanpa gawe anggone ngenteni tekane pepadhang,aja nganti nyumurupi katone bangbang wetan,

Ayub 3