Ayub 29:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Ayub tumuli mbacutake andharane, calathune:

2. “Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur,kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,

3. nalika dilahe mayungi sirahku,sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;

4. kaya nalika mempeng-mempenging umurku,nalika tarubku kayoman ing pitepanganing Allah,

5. nalika Kang Mahakuwasa isih nunggil karo aku,tuwin aku rinubung ing anak-anakku,

6. nalika tapaking sikilku adus susu,lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.

7. Samangsa aku metu menyang ing sakethenging kutha,tuwin nata palungguhanku ana ing tengahing alun-alun,

Ayub 29