Ayub 28:4-18 Kitab Sutji (JAV)

4. Wong kang padha ndhudhuk pamelikan iku adoh saka papan padunungane wong akeh,padha dilalekake dening wong kang padha lumaku ing dhuwurpadha nggandhul geyang-geyong tanpa ancik-ancik adoh karo wong akeh.

5. Bumi kang nuwuhake gandum,ngisore kawolak-walik kaya dening geni.

6. Watune kadunungan watu manilakang isi mas ure.

7. Dalane mrana ora kasumurupan ing manuk galak siji-sijialan ora kaweruhan ing matane manuk bidho,

8. ora kaambah ing kewan galak,lan iya ora ana singa kang liwat ing kono.

9. Watu kelang uga ditandangi dening manungsa,gunung-gunung padha didhungkari tekan ing dhasare.

10. Gunung parang padha diboboki digawe trowongan,mripate ndeleng samubarang kang adi.

11. Rembesing kali-kali padha dibuntetilan apa kang sumimpen diwetokake marang ing pepadhang.

12. Nanging kawicaksanan iku tinemune ana ing ngendi,lan ana ing ngendi dununge akalbudi?

13. Manungsa ora sumurup marang ajine,sarta iku iya ora tinemu ing bumine wong urip.

14. Calathune teleng: Aku ora kanggonan.Ujare sagara: Aku ora kadunungan.

15. Ora kena diijoli ing emas murni,utawa diregani kalawan salaka.

16. Ora kena diregani nganggo emas Ofirutawa nganggo sotya soham kang larang lan manila kang adi,

17. ora kena ditandhing karo emas utawa kaca,utawa diijoli rerenggan emas murni.

18. Giwang utawa kristal iku sapele yen katimbang karo iku.Ndarbeni kawicaksanan iku luwih becik tinimbang mutyara.

Ayub 28