18. Giwang utawa kristal iku sapele yen katimbang karo iku.Ndarbeni kawicaksanan iku luwih becik tinimbang mutyara.
19. Sotya cepaka saka ing tanah Etiopia iya ora bisa nandhingi;iya ora kena diajeni nganggo emas murni.
20. Kawicaksanan iku saka ngendi asale,lan akal-budi iku ana ngendi panggonane?
21. Iku sinamar tumrap mripate wong urip,malah uga sinamar tumrap manuk ing awang-awang.
22. Kasusahan lan pati calathu:Kupingku mung krungu wartane bae.
23. Gusti Allah kang mirsa dalan kang anjog marang kawicaksanansarta nguningani dununge.
24. Amarga paningale nyrambahi tekan ing pungkasane bumi,sarta mirsa apa kang ana ing sangisoring langit kabeh.
25. Nalika Panjenengane netepake kakuwataning angin,lan nemtokake kehing banyu,
26. nalika damel katetepan tumrap udanlan dalaning kilate gludhug,
27. nalika iku Panjenengane nguningani kawicaksanan kang banjur kawartakake,katetepake, malah iya katiti-priksa;
28. nanging marang manungsa pangandikane:Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”