1. “Pancen ana papan pamelikan salakalan papan panglimbangan emas.
2. Wesi didhudhuk saka ing lemahsarta tembaga metu saka ing watu kang ingejer.
3. Pepeteng diuwisi dening wong,nganti tekan teleng kang jero-jero anggone nliti watu-watukang ana ing pepeteng lan ing palimengan.
4. Wong kang padha ndhudhuk pamelikan iku adoh saka papan padunungane wong akeh,padha dilalekake dening wong kang padha lumaku ing dhuwurpadha nggandhul geyang-geyong tanpa ancik-ancik adoh karo wong akeh.
5. Bumi kang nuwuhake gandum,ngisore kawolak-walik kaya dening geni.
6. Watune kadunungan watu manilakang isi mas ure.