Ayub 27:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Yaiki pandumane wong duraka kang katemtokake dening Gusti Allah,lan ganjarane wong ambek-siya peparinge Kang Mahakuwasa:

14. manawa anake dadi akeh padha dadi pakaning pedhangsarta anak-putune bakal kekurangan pangan.

15. Dene kang isih urip bakal mudhun marang kluwat marga saka pageblug,ora kalawan ditangisi dening randhane.

16. Manawa numpuk bandha kehe nganti kaya lebu,lan numpuk sandhangan nganti kaya lempung,

17. sanadyan dheweke kang numpuk,nanging kang nganggo wong kang bener,sarta wong kang ora salah kang bakal ngedum-edum dhuwite iku.

18. Anggone ngedegake omah kaya jaringing kemangga,kaya gubug gaweane tukang jaga.

Ayub 27