Ayub 23:9-13 Kitab Sutji (JAV)

9. Dakgoleki mangalor, Panjenengane ora katingal;genti mangidul, aku ora sumurup Panjenengane.

10. Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku;manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.

11. Sikilku tetep ndherekake tindake,aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.

12. Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak;dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.

13. Nanging Panjenengane ora tau ewah --Sapa kang bisa ngalang-alangi Panjenengane?Apa kang dikarsakake, iya banjur ditindakake.

Ayub 23