Ayub 21:27-34 Kitab Sutji (JAV)

27. Lah aku wus sumurup, kang dadi pikiranmu,lan akal kaculikan kang kokrancang tumrap aku.

28. Ujarmu: Ngendi omahe kang nyekel pangwasa,endi tarub kang dienggoni dening wong-wong duraka?

29. Apa kowe padha durung tau takon marang wong-wong kang lumaku ing dalan?Apa kowe bisa mbantah marang pituduhe,

30. yaiku manawa wong ala dieman samangsa dina bilai,lan diuwalake ing dina bebenduning Allah?

31. Sapa kang bakal terus nggugat bab kalakuanelan ngganjar marang panggawene?

32. Dheweke digawa menyang ing pakuburan,lan kubure direksa ing wong.

33. Kapenak anggone katutupan ing prongkalan-prongkalan lemah ing lebak;saben wong ngetutake dheweke,lan kang wus ndhisiki tanpa wilangan.

34. Banget kothonge panglipurmu marang aku iku!Kabeh wangsulanmu iku mung apus-apus blaka.”

Ayub 21