21. Awit dheweke isih mreduli apa marang brayate sawuse mati,yen wus entek gunggunging sasine?
22. Mangsa Gusti Allah kok dicaosi piwulang dening manungsa,Panjenengane kang ngadili wong-wong mau saka ing ngaluhur!
23. Ana wong kang matine isih kadunungan kakuwatan pepak,kalawan tentrem lan santosa,
24. bangkekane lemu dening gajih,lan sungsume balung-balunge isih seger.
25. Ana maneh kang matine kalawan lara atine,lan ora tau ngrasakake kanikmatan.
26. Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah,lan padha karubung ing set.