18. Padha kaya dami ana ing ngareping angin,kaya mrambut kabur ing prahara.
19. Bilaine kasimpen dening Allah kanggo anak-anake.Prayogane wong iku dhewe kang diganjar dening Gusti Allah, supaya krasa,
20. prayogane mripate dhewe supaya nyumurupi karusakane,lan awake dhewe ngombe bebendune Kang Mahakuwasa!
21. Awit dheweke isih mreduli apa marang brayate sawuse mati,yen wus entek gunggunging sasine?
22. Mangsa Gusti Allah kok dicaosi piwulang dening manungsa,Panjenengane kang ngadili wong-wong mau saka ing ngaluhur!
23. Ana wong kang matine isih kadunungan kakuwatan pepak,kalawan tentrem lan santosa,
24. bangkekane lemu dening gajih,lan sungsume balung-balunge isih seger.
25. Ana maneh kang matine kalawan lara atine,lan ora tau ngrasakake kanikmatan.
26. Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah,lan padha karubung ing set.
27. Lah aku wus sumurup, kang dadi pikiranmu,lan akal kaculikan kang kokrancang tumrap aku.
28. Ujarmu: Ngendi omahe kang nyekel pangwasa,endi tarub kang dienggoni dening wong-wong duraka?
29. Apa kowe padha durung tau takon marang wong-wong kang lumaku ing dalan?Apa kowe bisa mbantah marang pituduhe,
30. yaiku manawa wong ala dieman samangsa dina bilai,lan diuwalake ing dina bebenduning Allah?
31. Sapa kang bakal terus nggugat bab kalakuanelan ngganjar marang panggawene?
32. Dheweke digawa menyang ing pakuburan,lan kubure direksa ing wong.
33. Kapenak anggone katutupan ing prongkalan-prongkalan lemah ing lebak;saben wong ngetutake dheweke,lan kang wus ndhisiki tanpa wilangan.