5. manawa gambirane wong duraka iku ora awet,sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?
6. Sanadyan anggone ngunggul-unggulake kaluhurane nganti sundhul ing langit,lan sirahe nganti sundhul ing mega,
7. nanging bakal lebur ing salawase kayadene sesukere dhewe;wong kang tau ndeleng dheweke padha takon: Ana ngendi wong iku?
8. Bakal sirna kaya impen tanpa tilas,ilang kaya wewarnan ing wayah bengi,
9. ora katon maneh ing mripat kang ndeleng,lan papan padunungane ora bakal ndeleng maneh.
10. Anak-anake kepeksa golek sih-piwelas marang wong miskin,sarta tangane dhewe kudu ngulungake barang darbeke.
11. Sanadyan balung-balunge kebak karosaning wong anom,nanging iku iya bakal melu sumeleh ing lebu.
12. Sanadyan rasane piala iku legi ana ing cangkeme,lan didhelikake ing ngisore ilate,
13. diiwit-iwit ora dilepeh-lepeh,malah diemut bae tumempel ing cethake,
14. nanging pangane iku banjur owah ana ing sajroning ususe,dadi wisaning ula bedhudhak ana ing wetenge.
15. Raja-brana diuntal nanging banjur diutahake maneh,Gusti Allah kang ngedalake saka ing wetenge.
16. Wisaning ula bedhudhak bakal disesep,mulane iya bakal dipateni dening ilating ula.
17. Wus ora diparengake oleh kasenengan saka kali-kalilan saka ing kali-kali kang mili madu lan susu.
18. Kudu mbalekake apa-apa kang wus kena ginayuh mulane ora nganti ngrasakake oleh-olehane iku;ora bisa ngenyam kauntungane anggone dedagangan.