Ayub 2:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.

5. Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa paduka.”

6. Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Lah Ayub iku wus ana ing tanganira, nanging owelen uripe!”

7. Samundure Iblis saka ing ngarsane Sang Yehuwah, Ayub tumuli diebyuki ing memala barang wiwit ing tlapakane nganti tekan ing embun-embunane.

8. Ayub banjur njupuk wingka kagawe ngeroki awake, sarta nglosod ana ing pawuhan.

9. Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”

10. Ewadene wangsulane Ayub: “Calathumu iku kaya wong gemblung, sabarang peparinge Gusti Allah kang becik padha daktampani, kang ala apa ora kudu daktampani uga?” Sajrone iku kabeh Ayub ora nganti gawe dosa kalawan lambene.

Ayub 2